Permainan Ancak-Ancak Alis Tradisional Jawa Tengah



Ancak-ancak Alis menurut Wikipedia ya iku salah siji jeneng dolanan. Manawi didelok saka jenenge, dolanan iki ora ana hubungane karo jenenge. Ancak punika nama salah siji perlengkapan sesaji kang digawe saka anyaman pring, banjur diwènèhi pinggiran pelepah gedhang.

Manawi alis, didelok saka tembang kang dinyayekake nduwenu arti kebo. Dolanan iki bisa dilakokake wayah ésuk, awan, sore, lan wengi ing wayah bulan purnama. Dolanan iku nggambaraké uripé wong tani, dadi bocah-bocah cilik akèh kang seneng. Taun 1930an dolanan ancak-ancak alis wis akèh sing ngerteni lan ora asing kanggone warga Yogyakarta.Dolanan iki ora mbedakake antara lanang lan wadon, alias bisa dilakokake sapa waé lan ora ana batesan umur.

Dolanan iki arang-arang dilakokake amarga wonten dolanan anyar ingkang dibekto penjajah jepang jenenge ular naga. dolanan ular naga punika memper banget kaliyan ancak-ancak alis nangin pambedane iku lagu kanggo ngiringi dolanan iki basane basa indonesia. Dolanan iki asring dadekake dolanan sabendina bocah-bocah, tanpa kudu nggolèk piranti kang kanggo dolanan.

Sejarah Ancak-ancak Alis menurut Wikipedia jaman mbiyèn punika, sederengipun kemerdekaan bangsa Indonesia, dolanan kang diiringi kaliyan lagu-lagu dolanan iki kondhang ingkang berbagai wewengkon pedésaan ning masarakat pertanian Jawa. Dolanan punika didolanake kaliyan bocah jaler lan èstri katahipun sekolah dhasar.nanging bocah-bocah kang langkung énggal jaman mbiyèn taksih remen dolanan punika. Mbengi terang rembulan dados waktu favorit bocah-bocah kanggo dolanan, apa manèh pas dinten libur sekolah. ning sekolah, bocah-bocah dolanan iki ana ing waktu jam istirahat.

cara-cara dolanan Ancak-ancak Alis menurut Wikipedia Wong loro ingkang dados babon semang lajeng balapan nggoleki anak semang sakakeh-akèhé nganggo cara nekoi kabèh anak semang ingkang dijaring. Nalika babon semang A, manawi sampun éntuk anak semang langkung kathah saka babon semang B, nanging babon semang B derang sadhar akan kekalahane, lajeng saged nantang babon semang A kaliyan bocah-bocahipun lan bocah semangnya nganggo ngadu kakuwatan, nalika lomba tarik tambang.manawi ingkang tarik tambang punika, babon semang B lan bocah-bocahe menang, lajeng kelompok iki dianggap dadi pemenang saka dolanan ancak-ancak alis. Béntuk tantangane bermacam-macam, saged tarik tambang kados wau, utawi wujud sakliyanipun, contoné balapan mlayu, adu panco, lan sakliyanipun. Nanging kabehane mau kudu disepakati rumiyin, sederengipun dolanan ancak-ancak alis berlangsung.

Sumber: https://jv.wikipedia.org/wiki/Ancak-ancak_alis


Comments